" Gratis lo recibisteis, dadlo gratis" (Mateo 10:8)

CASA  |  MAPA DEL SITIO  |  CONTACTO  |  AYUDA    
Estudios Bíblicos Libros Cristianos
Gratuitos
Libros-e Cristianos
Gratuitos
Acerca de Nosotros
 



 Versión Gratuita Libro-E de la edición en Javanés 8

 


Apa Titi Mangsane Antikristuskesahidan, Pangangkatan Lan Kraton Sewu Taun Lagi Tumeka?( II )

- Tafsiran lan Kutbah saka Kitab Wahyu

 

Katrangan

Tafsiran lan Kutbah saka Kitab Wahyu

Ringkesan

Akeh wong Kristen ing jaman iki pracaya marang piwulang pengangkatan pre-tribulasi. Amarga padha pracaya marang piwulang doktrin sing kleru sing mulangake menawa dheweke bakal diangkat sakdurunge Mangsa Kasangsaran Gedhe sing pitung taun iku, wong-wong iku nglakoni urip agama sing santai lan malah mudhun kesalehane.
Nanging pengangkatan wong-wong mursid bakal kelakon amung sakwise wewelak slompret cacah pitu kelakon nganti wewelak bokor kaping enem diwutahake-yaiku, pengangkatan bakal kelakon sakwise Antikristus tumeka ana ing antarane kekisruhaneng jagad lam wong-wong sing dilairake maneh padha dadi sahid, lan nalika slompret kaping pitu diunekake. Nalika iku Jahshua bakal medhak saka Swarga, lan kebangkitan sarta pengangkatan wong-wong mursid bakal kelakon (1 Tesalonika 4:16-17).
Ana ing jaman iki, kabeh manungsa ing dunya lagi ana ing sipang dalan ngenani urip langgenge. Wong-wong mursid sing dilairake maneh lumantar pracaya marang "Injil banyu lan Roh" bakal ditangekake lan diangkat, lan kanthi mangkono dadi pewarise Kraton Sewu Taun lan Kratoneng Swarga langgeng, nanging wong-wong dosa sing ora padha melu ana ing kebangkitan sing kapisan bakal padha ngadhepi paukuman sing gedhe wewelak bokor cacah pitu sing bakal diwutahake Jahweh lan dibuwang ana ing geni neraka kang langgeng.
Merga iku, panjenengan saiki kudu metu saka doktrin sing kleru mau lan saka hawa nepsu sarta kebingunganeng dunya iki, lan mlebu ana ing Sabda Jahweh sing sejati. Aku duwe pangarep-arep lan donga supaya lumantar maca seri Injil banyu lan Roh saka aku, panjenengan bakal diparingi berkah diruwat saka sakabeheng dosa panjenengan, lan nampa rawuhe Gusti kang kapindho tanpa ras wedi


Cathetan saka penerbit

Ana ing volume kaping siji saka Kitab Wahyu I, aku nulisake menawa Jahweh wis ngrancang pitung mangsa ana ing Pangrumate Panjenengane, menawa mangsa jaran pucet wis sangsay cumedhak marang urip kita, lan menawa manungsa bakal ngalami kasangsaran gedhe ana sakngisore pangwasane Antikristus; nanging wong-wong mursid sing dilairake maneh bakal bisa ngalahake dheweke lan nampa Kraton Sewu Taun sarta Langit lan Bumi sing Anyar lumantar imane sing sejati sing diparingake deneng Jahweh.
Kanthi terusan volume sing iki, panjenengan bakal bisa nemokake pangerten sing bener lan trewaca ngenani Sabda saka pasal sakwise ana ing Kitab Wahyu, pasal 8 nganti 22.
Sing kaping pisan, aku nasehatake supaya panjenengan duwe iman sing kuwat menawa abeh wecan sing ana ing Kitab Wahyu pancen bakal temen-temen kaleksanan: Bakal ana wewelak slompret cacah pitu; bakal tumekane Antikristus; kesahidane wong-wong mursid sing akeh banget amarga saka Antikristus; kebangkitan lan pengangkatan wong-wong mursid sing dilairake maneh ana ing saktengahe Mangsa Kasangsaran Gedhe; wewelak bokor cacah pitu sing ditibakake deneng Jahweh tumrap para satrune; tekane Kraton Sewu Taun; kebangkitan kapindho yaiku kanggo wong-wong dosa sing bakal nampa paukuman langgeng; wong-wong mursid manggon bebarengan karo Jahweh ana ing Kratoneng Swarga.
Saka antarane kabeh iku, pengangkatan wong-wong mursid sing kudu kita gatekake kanggo wong-wong Kristen. Kapan iku bakal kelakon, lan sapa sing bakal melu ana ing berkah gedhe iku?


 
Free Christian eBooks
    Lista de Libros-E
    Edición en Javanés 8
  Sobre este libro
  Tabla de contenidos
    ¿Qué es un Libro-E?
  Acerca del Libro-E
  ¿La manera de leer un Libro-E?
  Preguntas frecuentes
  Ayuda descarga
    Lectores de Libro-E
  MS Reader 2.0
  Acrobat Reader 5.0
 

Bookmark
   
Copyright © 2001 - 2013 The New Life Mission. ALL RIGHTS reserved.