• All e-books and audiobooks on The New Life Mission website are free
  • Explore multilingual sermons in global languages
  • Two new revised editions in English have been released
  • Check out our website translated into 27 languages
Search

FREE eBOOKS AND AUDIOBOOKS

The Revelation

Javanese  8

Tafsiran lan Kutbah saka Kitab Wahyu - APA TITI MANGSANÉ ANTIKRISTUS, KESAHIDAN, PENGANGKATAN LAN KRATON SÉWU TAUN LAGI TUMEKA? (II)

Rev. Paul C. Jong | ISBN 8983142677 | Pages 392

Download FREE eBook & AudioBook

Choose your preferred file format and safely download to your mobile device, PC, or tablet to read and listen to the sermon collections anytime, anywhere. All eBooks and AudioBooks are completely free.

You can listen to the AudioBook through the player below. 🔻
Own a Paperback
Buy a Paperback on Amazon
ISINÉNG BUKU 
 
Pambuka 

PASAL 8 
1. Slomprét sing Mratandhani Bebendu Pitu (Wahyu 8:1-13) 
2. Apa Bebendu Bokor Pitu Iku Sakwijinéng Kasunyatan? 

PASAL 9 
1. Wewelak Saka Teleng Palimenganing Pati (Wahyu 9:1-21) 
2. Duwénana Iman Sing Kendel Ana Ing Wekasanéng Jaman 

PASAL 10
1. Apa Panjenengan Pirsa Wektuné Pengangkatan? (Wahyu 10:1-11) 
2. Apa Panjenengan Pirsa Kapan Pengangkatané Wong-Wong Mursid Kelakon? 

PASAL 11
1. Sapa Wit Zaitun Loro Lan Nabi Cacah Loro Iku? (Wahyu 11:1-19) 
2. Kaslametané Bangsa Israél 
 
PASAL 12
1. Gereja Jahweh sing Bakal Kaniaya Banget Ing Tembé Mburi (Wahyu 12:1-17) 
2. Sambut Kesahidan Panjenengan Kanthi Iman sing Kendel 

PASAL 13
1. Tekané Antikristus (Wahyu 13:1-18) 
2. Tekané Antikristus 

PASAL 14
1. Pujian saka Para Sahid sing Dibangkitaké lan Diangkat (Wahyu 14:1-20) 
2. Apa Tumindaké Wong-Wong Mursid Ngenani Tekané Antikristus? 

PASAL 15
1. Wong-Wong Mursid sing Muji Karya Élok saka Gusti ing Angkasa (Wahyu 15:1-8) 
2. Babagan Pembagian ana ing Panenton Langgeng 

PASAL 16
1. Wiwitan Saka Wewelak Bokor Cacah Pitu (Wahyu 16:1-21) 
2. Sing Kudu Ditindakaké Sakdurungé Kelakoné Wewelak Bokor Cacah Pitu Yaiku... 

PASAL 17
1. Paukuman Kanggo Sundel Gedhé Sing Ana Ing Papan Sing Akéh Banyuné (Wahyu 17:1-18) 
2. Mangga Kita Nggatékake Kersané Panjenengané 

PASAL 18
1. Dunya Babil Wis Rubuh (Wahyu 18:1-24) 
2. “Hé, Umatku! Metua Saka Kana! Supaya Aja Nganti Mèlu Kena Ing Paukumané” 

PASAL 19
1. Kratoné Bakal Dikwasani Kang Mahakwasa (Wahyu 19:1-21) 
2. Amung Wong-Wong Mursid Bisa Ngenténi Kanthi Pangarep-Arep Rawuhé Kristus 

PASAL 20
1. Naga Iku Bakal Dibuwang Ana Ing Telenging Pati (Wahyu 20:1-15) 
2. Kepiyé Kita Bisa Pindhah Saka Pati Marang Urip? 

PASAL 21
1. Kutha Suci Kang Medhak Saka Swarga (Wahyu 21:1-27) 
2. Kita Kudu Duwé Jinis Iman Sing Ditampa Jahweh 

PASAL 22
1. Langit lan Bumi sing Anyar, Papané Banyu Kauripan Mili (Wahyu 22:1-21) 
2. Padha Bungaha lan Kuwata ana ing Pangarep-arep Kamulyan 

LAMPIRAN
1. Pitakonan lan Wangsulan 
 
Akeh wong Kristen ing jaman iki pracaya marang piwulang pengangkatan pre-tribulasi. Amarga padha pracaya marang piwulang doktrin sing kleru sing mulangake menawa dheweke bakal diangkat sakdurunge Mangsa Kasangsaran Gedhe sing pitung taun iku, wong-wong iku nglakoni urip agama sing santai lan malah mudhun kesalehane.
Nanging pengangkatan wong-wong mursid bakal kelakon amung sakwise wewelak slompret cacah pitu kelakon nganti wewelak bokor kaping enem diwutahake-yaiku, pengangkatan bakal kelakon sakwise Antikristus tumeka ana ing antarane kekisruhaneng jagad lam wong-wong sing dilairake maneh padha dadi sahid, lan nalika slompret kaping pitu diunekake. Nalika iku Jahshua bakal medhak saka Swarga, lan kebangkitan sarta pengangkatan wong-wong mursid bakal kelakon (1 Tesalonika 4:16-17).
Ana ing jaman iki, kabeh manungsa ing dunya lagi ana ing sipang dalan ngenani urip langgenge. Wong-wong mursid sing dilairake maneh lumantar pracaya marang "Injil banyu lan Roh" bakal ditangekake lan diangkat, lan kanthi mangkono dadi pewarise Kraton Sewu Taun lan Kratoneng Swarga langgeng, nanging wong-wong dosa sing ora padha melu ana ing kebangkitan sing kapisan bakal padha ngadhepi paukuman sing gedhe wewelak bokor cacah pitu sing bakal diwutahake Jahweh lan dibuwang ana ing geni neraka kang langgeng.
Merga iku, panjenengan saiki kudu metu saka doktrin sing kleru mau lan saka hawa nepsu sarta kebingunganeng dunya iki, lan mlebu ana ing Sabda Jahweh sing sejati. Aku duwe pangarep-arep lan donga supaya lumantar maca seri Injil banyu lan Roh saka aku, panjenengan bakal diparingi berkah diruwat saka sakabeheng dosa panjenengan, lan nampa rawuhe Gusti kang kapindho tanpa ras wedi
More

Books related to this title

The New Life Mission

TAKE OUR SURVEY

How did you hear about us?